ati kudu teteg aja nganti uripmu kagol…
pring reketeg gunung gamping ambrol,
uripa sing jejeg nek ra eling jebol…
pring deling, tegese kendel lan eling…
kendel marga eling, timbang nggrundel nganti suwing
pring kuwi suket, dhuwur tur jejeg…
rejeki seret, ra sah dha bunek
pring ori, urip iku mati…
kabeh sing urip mesti bakale mati
pring apus, urip iku lampus…
dadi wong urip aja seneng apus-apus
pring petung, urip iku suwung…
sanajan suwung nanging aja padha bingung
pring wuluh, urip iku tuwuh…
aja mung embuh, ethok-ethok ora weruh
pring cendhani, urip iku wani…
wani ngadhepi, aja mlayu marga wedi
pring kuning, urip iku eling…
wajib padha eling, eling marang Sing Peparing
pring iku mung suket,ning omah asale saka pring,
usuk saka pring,cagak saka pring,gedhek iku pring,
lincak uga pring,kepang cetha pring,tampare ya mung pring…
kalo, tampah, serok, asale saka pring…
pikulan, tepas, tenggok, digawe nganggo pring…
mangan enak, mancing iwak, walesane ya pring…
jangan bung, aku gandrung, jebule bakal pring…
nek ngono pancen penting, kabeh sing nang nggon wit pring
pancen penting tumraping manungsa sing dha eling
eling awake, eling pepadhane, eling patine, lan eling Gustine…
wong urip kudu eling, isa urip saka pring
tekan titi wancine ya digotong nganggo pring
bali nang ngisor lemah, padha ngisor oyot pring
mulane padha eling, elinga Sing Peparing….
pring ora bakal tugel marga isa melur…
kena dinggo mikul, ning aja ketungkul
urip kuwi abot, ja digawe abot…
akeh repot, sak trek ora amot
mulane uripmu aja dha kaku…
melu dha pasraha, ra sah dha nesu
aja mangu-mangu ning terus mlaku…
sanajan ro ngguyu aja lali wektu
kowe bakal bisa urip rekasa…
ning kudu percaya uga sregep ndonga
Gusti paringana, luwih pangapura…
marang kawula ingkang kathah lepat lan dosa
aja nggresula, aja wedi
dudu kowe, ning Gusti sing mesti luwih ngerti...
ngatur urip lan mati,nyukupi rejeki,
paring tentreming ati,
cukup sandhang pangan papan,
bakal mukti pakarti…
[Rotra ]
kena dinggo mikul, ning aja ketungkul
urip kuwi abot, ja digawe abot…
akeh repot, sak trek ora amot
mulane uripmu aja dha kaku…
melu dha pasraha, ra sah dha nesu
aja mangu-mangu ning terus mlaku…
sanajan ro ngguyu aja lali wektu
kowe bakal bisa urip rekasa…
ning kudu percaya uga sregep ndonga
Gusti paringana, luwih pangapura…
marang kawula ingkang kathah lepat lan dosa
aja nggresula, aja wedi
dudu kowe, ning Gusti sing mesti luwih ngerti...
ngatur urip lan mati,nyukupi rejeki,
paring tentreming ati,
cukup sandhang pangan papan,
bakal mukti pakarti…
[Rotra ]
0 komentar:
Posting Komentar